Pranatacara Mantenan
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Pasrah Temanten
Assalamu 'alaikum wr.wb Nuwun Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi.Nyuwun pangapunten dene kulo paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kulo matur ing ngarsanipun Bapak Sugiyatno sarimbit. Nuwun, Bapak Sugiyatno sekaliyan.Kulo kakersakaken dening kadang kulo enem pun Arief Suyatno sekaliyan. Sepisan : ngaturaken salam taklim, kanthi pemuji mugi-mugi Bapak Sugiyatno sakluwarga tansah pinayungan ing Pangeran satemah ambabar rahayu wilujeng lumebering sedayanipun. Kaping Kalih : kulo kinanten rowing sawetawis, kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten, asmanipun Bagus Saefull Ali Nurdin ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Rara xxxx putra putri panjenengan. Ingkang punika mugi kaparenga nampi. Dene wonten kekiranganipun, Bapak Arief Suyatno sekaliyan nyuwun agenging pangapunten. Salajengipun, kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakluwarga. Minangka panutup ing atur, mbok menawi wonten atur kulo saklimah, sowan kulo sarowang, ingkang kirang trapsila satemah mboten ndamel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kulo nyuwun lumunturing pangaksami. Cekap semanten, Nuwun. wassalamu 'alaikum wr.wb.
Nampi Temanten
Assalamu 'alaikum wr.wb Kulo nuwun, Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi.Nyuwun pangapunten dene kulo paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kulo matur ing ngarsanipun Bapak Sugiyatno sarimbit. Nuwun, Bapak Sugiyatno sekaliyan.Kulo kakersakaken dening kadang kulo enem pun Arief Suyatno sekaliyan. Sepisan : ngaturaken salam taklim, kanthi pemuji mugi-mugi Bapak Sugiyatno sakluwarga tansah pinayungan ing Pangeran satemah ambabar rahayu wilujeng lumebering sedayanipun. Kaping Kalih : kulo kinanten rowing sawetawis, kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten, asmanipun Bagus Saefull Ali Nurdin ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Rara xxxx putra putri panjenengan. Ingkang punika mugi kaparenga nampi. Dene wonten kekiranganipun, Bapak Arief Suyatno sekaliyan nyuwun agenging pangapunten. Salajengipun, kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakluwarga. Minangka panutup ing atur, mbok menawi wonten atur kulo saklimah, sowan kulo sarowang, ingkang kirang trapsila satemah mboten ndamel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kulo nyuwun lumunturing pangaksami. Cekap semanten, Nuwun. wassalamu 'alaikum wr.wb.
Atur Pambagyaharja Temanten
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
- Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni
- Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon
- Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana
Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat, taufik hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami saged kempal wonten adicara punika kanthi widada nir ing sambekala.
Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil kamardikan panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan. Karana mestuti dhawuh kersanipun Bapa Aji Budi Harto, kinen matur pinangka talanging basa sulih sarira.
Ing madyaning pepanggihan menika, Bapa Aji Budi Harto lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sudeng rawuh, sugeng lenggah. Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih. Ugi Bapa Aji Budi Harto saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit panjenengan sedaya kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh wonten adicara menika.
Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, Bapa Aji Budi Harto ing kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Nak Ayu Fatimah, kadhaup
kaliyan Nak Bagus Radhitya, putra kakungipun Bapa Riswanto. Dene ijab qobul sampun kalampahan kalawau enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.
Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun donga pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten kekalih anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan. Ingkang tembenipun saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun.
Dumateng para rawuh sedaya, Bapa Aji Budi Harto nyuwun pangapunten menawi wonten kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha andhaping pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Komentar
Posting Komentar